KHUTBAH
I
السَّلاَمُ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَةُ اللهِ
وَبَرَكَاتُهُ
اللهُ
اَكْبَرْ - اللهُ اَكْبَر- اللهُ اَكْبَرْ. اللهُ اَكْبَرْ- اللهُ اَكْبَرْ- اللهُ اَكْبَرْ- اللهُ اَكْبَرْ- اللهُ اَكْبَرْ . اللهُ اَكْبَرْ ولله
الحمد
إِنَّ
الْحَمْدَ لله نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوْذُ بِهِ مِنْ
شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَسَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَلاَ
مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنْ اَ إِلَهَ
إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّداً عَبْدُهُ
وَرَسُوْلُهُ. اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ
, أَمَّا بَعْدُ : فَيَاعِبَادَ
اللهِ : اُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِي بِتَقْوَ اللهِ وَطَاعَتِهِ لَعَلَّكُمْ
تُفْلِحُوْنَ. قَالَ اللهُ تَعَالَى فِى الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ : يَااَيُّهَا الَّذِيْنَ اَمَنُوا اتَّقُوا اللهَ
حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ اِلاَّ وَاَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ
Jamaah idul Fitri Ingkang dipun mulyaaken Allah
Alhamdulillah kita saget kepanggih wonten
ing enjang ingkang kebak berkah menika, lan dipun kebaki rahos pasederekan ugi
kekhusyukan. Kita saget sami-sami angrawuhi sholat Idul Fitri saperlu
ngagungaken lan nyukuri nikmat saking Allah SWT. Pramila, mangga, wonten wekdal
ingkang bahagia menika kita sami-sami mantepaken anggen kita taqwa dateng Allah
SWT kanthi nebihi sedaya awisan-awisanipun senahoso sak menika kita boten
wonten ing dalem wulan Romadlon. Ugi kita tingkataken ketaatan nglampahi
perintah-perintahipun Allah kanthi rahosipun manah ingkang ikhlas. Pakulinan
sholat berjama’ah lan makmuraken masjid kanti pangibadatan wonten ingdalem
wulan Romadlon mangga kita lajengaken, kita dadosaken pakulinan ingkang sahe.
Jamaah Idul Fitri Rahimakumullah.
Dinten meniko dintenipun umat islam,
dinten iedul fitri, dinten wangsul buko, dinten ingkang diawisi syiyam, kedah
mboten siyam. Sak lebetipun wulan suci romadhon kito sampun syiyam lan
ibadah-ibadah sanes-sanesipun kados sholat sunat tarawih, tadarusan, tilawah,
lan amal-amal sanes-sanesipun. Pramilo bejo sanget tumprapipun tiyang ingkang
sampun nindakakaen syiyam kanti kebak roso keimanan soho ngajeng-ngajeng
Ampunanipun Allah lan ugi bejo tiyang ingkang sampun ngedalaken zakat fitri lan
zakat malipun. Mugi-mugi ibadah poso ingkang nembe mawon kito lampahi lan kito
tilar sarto zakat kito dipun tampi dening Allah Ta’ala. Amin.
Jamaah Idul Fitri Rohimakumullah
Wonten ing dinten riyadin menika,
dintenipun umat Islam, kito meniko kedah bersatu ugi supados mboten ngendem
raos-raos satru ati, dendam lan sakpiturutipun sumonggo kito sami-sami saling
paring pangapunten. Keranten wulan Ramadhan inggih punika wulan maghfiroh utawi
wulan ampunan. Ramadhan sampun mucal dateng kito sedoyo supados gampil paring
pangapunten. Menawi Allah meniko Dzat ingkang moho paring pangapunten, sampun
sak mestinipun menawi kito ugi saget paring pangapunten dateng sederek-sederek
kito sesami ummat Muslim ugi dateng poro tetanggi.
Sampun sak mestinipun antawisipun sesami
tiyang Islam kedah saling dukung mendukung, lan saling bantu membantu ing dalem
babakan kesahenan. Sahe meniko masalah ingkang gegayutan kaliah urusan dunyo
utawi urusan agami Islam. Sebab gusti Alloh benjeng dinten kiyamat bade paring
batuan namung dateng hambanipun ingkang purun naati perintahipun selami gesang
wonten ing donya.
اللهُ اَكْبَرْ- اللهُ اَكْبَرْ . اللهُ اَكْبَرْ ولله
الحمد
Saklajengipun, Islam niku nganjuraken
supados kito meniko kagungan akhlak ingkang mulyo, Rasululah dawuh “Do taqwao
dumateng Allah enten ngendi kemawon” Rasulullah dipun tangkleti opo sing
ndadekake manungso mlebu suwargo, Rasulullah dawuh “Taqwa dumateng Allah lan
sae akhlakipun” Rasulullah ugi ditangkleti opo sing ndadekake menungso mlebu
neroko. Rasulullah dawuh inggih meniko tutuk lan farji (kemaluan).
Kito meniko posisinipun gesang wonten ing
alam ndonyo, nah babakan gesang ing ngalam ndonyo meniko kito supados
mboten mligi ngutamakaken dateng urusan donyo. Allah paring peringatan
dumateng kito;
Lan maneh mripatiro loro ojo andeleng marang
peparingingsun kabungahan ing ndonyo marang wong-wong kafir warno-warno.
Sumurupo, kabeh mau minongko kanggo nyobo marang wong-wong kafir. Dene rejekine
Allah kang wujud suwargo iku luwih becik serto langgeng ngungkuli peparing ingsun
marang-wong-wong kafir ( Thoha: 131).
Peringatan Allah meniko kedah kita
perhatosaken supados kito meniko mboten mligi mentingaken dunyo. Opo-opo diukur
kanthi materi utawi bondho sanes ukuran saking Al Qur’an lan Al Hadis. Sahenggo
tiyang dipun anggep sukses menawi bondonipun katah aliyas sugih mblegedu.
Jama’ah Idul Fitri rohimakumullah
Ukuran sukses kadosipun nderek
ukuranipun Qorun utawi malah Fir’aun padahal kesuksesan ingkang sejati
inggih meniko kesuksesan akhirat sanes ndonyo Sukses ingkang sampun
sumebar lan dipun ugemi katah-katahe tiyang, inggih meniko mboten tebih
saking akehe bondo, jabatan, putro-putro bertitel, mantune sugih lan bertitel
lan sakpiturutipun. Sedoyo sarwo bendawi. Niku mirip kaliyan suksesipun
Qorun lan tiyang-tiyang ingkang sarujuk.
Mboten adoh saking Qarun, Sukses
menggahe Fir’aun inggih meniko ngalalaken sedoyo coro supados kekuasaane
langgeng piyambake ngerahaken dukun sihir. Sukses Fir’aun meniko mboten
mikiraken akhirot nopo malih mikiraken doso songko coro-caranipun.
Allah berfirman:
Saktemene wong kang podo sowan mati marang
pangerane kallayan doso kafir iku bakal pikantuk kapatrapan neroko jahannam.
Ono ing kono deweke iku ora mati lan ora urip.( Thaha: 74)
Jamaah Idul Fitri Rohimakumullah
Saklajengipun, sukses menggahe Allah
inggih meniko kados dene ingkang dipun sebataken wonten ing Al Qur’an surat Al
mukminun ayat 1dumigi ayat 11; Inggih meniko tiyang ingkang iman, tiyang
ingkang khusu anggone sholat, tiyang ingkang nebihi tumindak kang ora maedahi
ing bab agomo utowo ndonyo, tiang ingkang ngedalaken zakat, tiang ingkang njagi
kemaluanipun kajobo marang bojone dewe. tiyang ingkang netepi amanat dan
janjinipun, tiyang ingkang tetep ajeg ngrekso anggone sholat. Poro wong mukmin
kang padho netepi kayo kang kesebut mau kabeh, iku tetep dadi ahli waris yaiku
kang pikantuk suwargo Firdaus lan podho langgeng ano ing kono.
Sukses menggahe Allah wonten ing surat Al
mukmin wau inggih meniko tumindakipun tiyang mukmin ingkang njagi aturanipun
Allah lan nebehi laranganipun Allah, Ikhlas kangge Allah, nderek rosulullah.
Akhiripun mlebet suwargo Firdaus sak lami-laminipun. Amin
Ya Rabbal Alamin.
أعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطنِ
الرَّجِيْمِ. بِسْمِ اللهِ الرَّحْمنِ الرَّحِيمِ. إِنَّا أَعْطَيْنَاكَ
الْكَوْثَرَ فَصَلِّ لِرَبِّكَ وَانْحَرْ إِنَّ شَانِئَكَ هُوَ الْأَبْتَرُ
بَارَكَ اللهُ لِي وَلَكُمْ فِي
الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ. وَنَفَعَنِي وَاِيِّاكُمْ بما فيه مِنَ الآيَاتِ
وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ. وَتَقَبَّلْ مِنِّيْ وَمِنْكُمْ تِلاوَتَهُ اِنّهُ هُوَ
السَّمِيْعُ اْلعَلِيْمُ. فَاسْتَغْفِرُوْا اِنَّهُ هُوَاْلغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ
KHUTBAH KE-2
اللهُ اَكْبَرْ اللهُ اَكْبَرْ اللهُ
اَكْبَرْ . اللهُ اَكْبَرْ اللهُ اَكْبَرْ اللهُ اَكْبَرْ اللهُ اَكْبَرْ
. اللهُ اَكْبَرْ كبيرا وَاْلحَمْدُ للهِ كَثِيْرًا وَسُبْحَانَ الله
بُكْرَةً وَ أَصْيْلاً . لاَ اِلَهَ اِلاَّ اللهُ وَاللهُ وَ اللهُ اَكْبَرْ .
اللهُ اَكْبَرْ وَللهِ اْلحَمْدُ
الحمد لله حمدا كما امر. اشهد ان لا اله ا
لاّ الله وحده لا شر يك له . واشهد انّ سيّدنا محمّدا عبده ورسوله .
اللّهمّ صلّ وسلّــم على سـيّدنا محمّد . وعلى ال سيّدنا محمّد (امّا بعـــد)
ا يّهاالنّاس, اتَّقُوا اللَّهَ
حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ . فقال الله
تعالى, انّ الله وملا ئكته يصلّون على النّبيّ ياا يّهاالذين امنوا صلّوا عليه
وسلّم تسليما. اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ .
وَارْضَ عَنَّا مَعَهُمْ بِرَحْمَتِكَ يَا اَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ .
اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ
وَالْمُؤْمِنَاتِ . وَالْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ
وَاْلأَمْوَاتِ .
رَبَّنَا غْفِرْ لَنَا ذُنُوبَنَا
وَكَفِّرْعَنَّا سَيِّئَاتِنَا وَتَوَفَّنَا مَعَ اْلأَبْرَارِ . رَبَّنَا آتِنَا
فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً . وَفِي الآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّار .
عِبَادَاللهِ ! اِنَّ اللهَ يَأْمُرُنَا
بِاْلعَدْلِ وَاْلاِحْسَانِ وَإِيْتآءِ ذِى اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشآءِ
وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْي يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ .
وَاذْكُرُوااللهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ
يَزِدْكُمْ . وَلَذِكْرُ اللهِ اَكْبَر
No comments:
Post a Comment